Rabat Beton Plarung Kaleksanan 100 Persen (Jawa)
Riskianto, A.Md. 10 Juni 2016 09:32:30 WIB
Sawahan (SID) – Kegiatan Pembangunan infrastruktur wonten ing Padukuhan Plarung, Desa Sawahan, Kecamatan Ponjong, Kabupaten Gunungkidul arupi kegiatan rabat beton ingkang dipun danai saking Pemerintah Desa Sawahan sampun rampung kaleksanan kanthi lancar.
Pembangunan ingkang sumber dananipun saking Dana Desa utawi APBN wau kalaksanan nalika dana ingkang kathahipun Rp. 155.000.000 punika mandap ing minggu pungkasan wulan Mei 2016 . Kegiatan dipun lampahi kanthi swakelola masyarakat Padukuhan Plarung ingkang watawis kathahipun 155 Kepala Keluarga sareng-sareng bangun margi papanipun wonten ing arah Guo Saptoargo dumugi Masjid Al-Taqwa Plarung ingkang tebihipun 350 meter.
Pembangunan rabat beton punika minangka salah satunggaling Program Pembangunan Infrastruktur saking Pemerintah Desa Sawahan Tahun 2016 ingkang dipun alokasikan wonten ing Padukuhan Plarung. Kajawi pembangunan rabat beton punika, Padukuhan Plarung ugi pikantuk program Pembangunan margi enggal ingkang ngubungaken Padukuhan sendang II-Plarung.
Kanthi pembangunan punika Pemerintah Desa Sawahan gadhah panyuwunan dhumateng warga masyarakat Plarung supados ngrawat margi ingkang dipun bangun wau. Masyarakat Padukuhan Plarung ugi kasuwun nyengkuyung program Pemerintah Desa Sawahan punika sahingga kegiatan Pemerintah saget kaleksanan kanthi lancar lan trep kaliyan panyuwunanipun warga masyarat Desa Sawahan umumipun. (rizkya)
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Selamat Hari Raya Idul Fitri 1446 H/ 2025
- Penyaluran Insentif Kader Kesehatan Alokasi Januari-Maret 2025
- Penyaluran BLT Dana Desa Alokasi Januari-Maret 2025
- Penyaluran Insentif Pendidik Paud Jan-Maret 2025
- Safari Ramadhan 1446 H di Masjid Baitul A'la Tengger
- Safari Tarawih Ramadhan 1446 H Kalurahan Sawahan & Kapanewon Ponjong
- Laporan Pertanggungjawaban Realisasi APBKal Tahun Anggaran 2024