Safari Tarawih 1437H Kaleksanan, Kerukunan & Katentraman Masyarakat Kagayuh
Riskianto, A.Md. 28 Juni 2016 06:58:43 WIB
Sawahan (SID) - Kegiatan Safari Tarawih Desa Sawahan ing tahun 2016 sampun kalampahan kanthi lancar boten wonten halangan punapa. Dangunipun 11 dinten ing wulan Ramadhan 1437H punika Pemerintah Desa Sawahan, BPD, lan LPMD sesarengan mlampah nindaken kegiatan ibadah punika.
Dipun awali saking Masjid Al-Muttaqin Jatisari sesarengan kaliyan kegiatan Safari Tarawih Kecamatan Ponjong kalajengaken wonten ing Masjid Nurul Iman Sawur, Masjid Al-Huda Tengger, Al-Janaah Plarung, Al-Khoir Sendang II, Al-Iman Sendang I, Balai Dusun Selonjono, Ar-Rohman Sambirejo, Al-Ikhlas Sawahan, Al-Muttaqin Gedong lan pungkasan wonten ing Masjid Baitul Ala LDII Tengger.
Pemerintah Desa Sawahan ngawontenaken kegiatan punika kagem raketaken silaturahmi Pemerintah dhumateng warga masyarakat ing Desa Sawahan kajawi netepi agenda Pemerintah Desa ingkang kasebat wonten ing APBDesa Sawahan. Suprapto, Bapa Kepala Desa Sawahan gadah panyuwunan dhumateng masyarakat supados sareng-sareng jagi kerukunan sesama lan antar umat beragama wonten ing Desa Sawahan punika.
Kemajemukan ingkang wonten ing Desa Sawahan punika boten dados pecahing umat ananging kagem soyo raketing pasederekan lan nguataken roso kebersamaan kagem pembangunan wonten ing Desa Sawahan, sae punika pembangunan fisik punapa pembangunan non fisik. Kanthi kerukunan punika sedaya panjangka masyarakat saget kagayuh lan kalampahan kanthi sae.
Ing pangajab kegiatan silaturahmi punika boten namung wonten ing wulan Ramadhan, sahingga Pemerintah Desa Sawahan saget dumugikaken sedaya program-program lan informasi Pemerintah langsung dhumateng masyarakat lan masyarakat soyo tambah ayem tentrem awit pangoyoming Pemerintah Desa Sawahan. (rizkya)
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Sosialisasi Pengisian Pamong Kalurahan Sawahan 2025
- Jadwal Tahapan Seleksi Pengisian Pamong Kalurahan Sawahan 2025
- Informasi Seleksi Terbuka Pengisian Pamong Kalurahan Sawahan untuk Formasi Dukuh Sawahan
- Penyaluran BLT Dana Desa Mei 2025
- Dukungan Inovasi Kalurahan “Intan Permata” Mulai Dilaksanakan
- Musyawarah Kalurahan Khusus Pembentukan Kopdes Merah Putih
- Pengembangan Pangan B2SA Kalurahan Sawahan